GpGlBSW0TfG8TpY7TpOiTUz5Gd==

Aturku Kembang Setaman, Geguritan-geguritan Mbah Raden


Aturku Kembang Setaman  

aku, kowe, sira, dheweke, lan sapa wae
wis rumangsa kangelan anggone ambegan
nadyan kaya ngono
kita ora kabeh mupus ing pangarep

ora...
ora kaya sing kok kandhakake
nyatane kita tetep nesep ngelmu
nadyan nganggo cara apa wae

aku weruh
aku dhewe kaya sing kok kandhakake
nganggo cara apa wae

ing bangku
ing ngomah
ing plataran
ing sadhengah papan

matur nuwun dwijaku
matur nuwun pahlawanku
nadyan tanpa embel-embel
panjenengan tetep tegar
tetep ngadeg, jejek,tanpa obah, tanpa owah

tegese tetep paring saliring ngelmu
nadyan nganggo cara apa wae

hidup dwijaku
hidup pahlawanku
hidup wadhah dwijaku

dwijaku,
ing kene bakal dak aturke kembang setaman
bakal dak caosi pawarta mirunggan
aja mupus sakehing kahanan
aku kangen banget sakehing paringmu

dwijaku,
aku lan dheweke tetep nyadhong saliring ngelmu,
nadyan...
kaya ngapa kahanane

kaya ngapa wae kahanane
dudu pepalang kanggo aku lan dheweke
nampa sakabehing peparing

amung kembang setaman dak aturke
amung kedaling lisan kang dak suguhke
kanggo para dwijaku

sugeng ambal warsa dwija
sugeng ambsl warsa para pahlawanku
sugeng ambal warsa wadhah dwijaku
Jayalah selamanya

*esuk, 051121
Kangraden

 

Laler

sapa wae mesthi tepung
kewan cilik saben-saben dikebyok
nganggo bongkokan sada
sapa wae weruh
saben-saben nglumpuk
manggon panggonan njember
gila...
ya ing kono panggonane
golek pangane
ngrembakakake keturunan,
saka siji, loro, nganti mayuta-yuta
laler...?
kewan njenjemberi
digurak, disabet sak wayah-wayah
laler,
bisa mabur ing sadhengah papan
malah nganti tekan panggonan abyor
laler,
umpomo kowe nglumpuk
ada-ada dhemo
tanpo opah
kita ora kaconggah
mbendung hardabe nafsu
kabeh brikut kesusu
gawe guyu lan susu
kanggo suguh sliramu
laler,
dunungmu sadhengah papan kumuh
balamu bala sewu
ora kapetung karosanmu
saben mesthi sutik weruh
nglumpuk ing uwuh
mula banjur dikebyok
nganggo bongkokan sada
hemmmmm........


*subuh, 061222
Kangraden


Lelara Kulina Ngguyu

lelara kulina ngguyu
ha ha ha ha ha
ho ho ho ho ho
hi ho hi hi hi
eh eh eh eh eh

ndeleng mangisor ...ngguyu...hi hi hi...
ndeleng manengen...ngguyu...he he he...
ndeleng mangiwa...ngguyu...ho ho ho...
ndeleng memburi....ngguyu...eh eh eh...
ndeleng mangarep...ngguyu...ha ha ha ...

saka nganggo emblem ngguyu ha ha ha
aja kulinakna lelara ngguyu
yen mbesuke tetep ngguyu
Tekan dhonge, mesaaaam-meseem

saka nggunting pita tekan njaba kota tetep ngguyu
la piye kuwi?

pitane nganti tekan njabalkat
tetep ngguyu

baliya dadi sakbenere
nadyan ngguyu mung sakperlune
la ning wis kadhung

tok na wae
wong kuduwung
nganti tumlawung

nguntal kodhok tekan gurung

*tengah wengi, 031122
Kangraden


 



Jasaview.id

Type above and press Enter to search.